Jumat, 30 November 2007

Syair untuk Nabi Muhammad

0 komentar

اللهم صل على محمد رسول الله

اللهم صل عليه و سلم


Kanjeng Nabi Lahir Ing Mekkah

12 maulid tahun Gajah

Zamane Raja Abrahah

Putrane Siti Aminah ( mencuplik )


Siti Khodijah Istrine Nabi

Siti Fatimah Putrine Nabi

Hasan Husein Putune Nabi

Para Ulama’ Warise Nabi


Kanjeng Nabi Bagus Atine

Karo konco lan mungsune

Sabar tawakkal iku lakune

Mulo mulyo maqom drajate


Nabi dawoh islam sadulur

Podho islam ayo podho akor

Kanggo ngungkapne roso syukur

Dumateng Alloh kang Moho Luhur


Sopo Ngaku Ummate Muhammad

Ojo lali Wajibe Sholat

Ugo atine ayo dirumat

Supoyo slamet ndunyo akherat


Sopo pengen pikantuk syafa’at

Syafa’ate Nabi Muhammad

Mengko ono ing akherat

Ingkang katah maos sholawat


Kanjeng Nabi bagus Budhine

Ora gekem mbales Mungsune

Lamun Dihino lan di ece

Malah-malah didongaake(nyuplik)


Syair Ramadhan

0 komentar


صل وسلم دائما على احمد

والال والاصحاب من قد وحدا


Ing wulan Romadhon ayo bareng poso

Nglakoni prentahe Alloh kang kuoso

Nderes moos Qur’an kanggo sing wis biso

Wengi sholat traweh kanggo ngelebur duso(nyuplik)



Ing wulan romadhon ayo doh ngedohi

Saking piro-piro penyakite ati

Sombong, hasud, iri, ugo sifat drengki

Iku munu sifat kang dilaknati


Yen nglakoni poso, ayo ngempet syahwat

Ugo diadohi barang kang ma’siat

Ing wulan romadhon ayo podho tobat

Mugi gusti Alloh nambahi ni’mat


Malem lailatul Qodar kang dipadosi

Nderea maos qur’an sakben-sakben wengi

Ugo tahajjude oran nganti lali

Mesti gusti alloh bakal maringi


 

HANDONO WEB BLOG's Copyright © 2008 Black Brown Pop Template by Ipiet's Blogger Template