Jumat, 30 November 2007

Syair Ramadhan



صل وسلم دائما على احمد

والال والاصحاب من قد وحدا


Ing wulan Romadhon ayo bareng poso

Nglakoni prentahe Alloh kang kuoso

Nderes moos Qur’an kanggo sing wis biso

Wengi sholat traweh kanggo ngelebur duso(nyuplik)



Ing wulan romadhon ayo doh ngedohi

Saking piro-piro penyakite ati

Sombong, hasud, iri, ugo sifat drengki

Iku munu sifat kang dilaknati


Yen nglakoni poso, ayo ngempet syahwat

Ugo diadohi barang kang ma’siat

Ing wulan romadhon ayo podho tobat

Mugi gusti Alloh nambahi ni’mat


Malem lailatul Qodar kang dipadosi

Nderea maos qur’an sakben-sakben wengi

Ugo tahajjude oran nganti lali

Mesti gusti alloh bakal maringi


0 komentar:

 

HANDONO WEB BLOG's Copyright © 2008 Black Brown Pop Template by Ipiet's Blogger Template